Breaking News

1.500 Wong Ngrubung Apel Gedhé Pramuka ke-64 neng Gunungkidul, Bupati Endah Yo Melu Udan-udanan


Gunungkidul (DIY), INANEWS.id – Apel GedhĂ© Hari Pramuka kaping 64 Kwartir Cabang (Kwarcab) Kabupaten Gunungkidul dianakakĂ© dina Kemis (28/08/2025) neng Lapangan Sumur Ombo, Kalurahan Jepitu, Kapanewon Girisubo.

Apel gedhé Hari Pramuka iki diancani karo Bupati Gunungkidul sing uga dadi Ketua Mabicab Gerakan Pramuka Gunungkidul, bareng karo jajaran Forkopimda lan para peserta apel saka macem-macem tingkatan, wiwit saka Siaga, Penggalang nganti Penegak, jumlahé tekan 1.500 wong.

Baca juga: https://www.inanews.id/2025/08/nggelapke-4-motor-rental-nang-jogja.html

Sanajan ujan rintik-rintik, semangaté bocah-bocah pramuka ora kendho. Ngerti kahanané kaya ngono, Bupati Gunungkidul Endah Subekti Kuntariningsih sing dadi pembina apel yo melu mudhun neng lapangan, padahal wis disediain mimbar nganggo tenda.

"Kulo karo Forkopimda yo ngapresiasi adik-adik pramuka, meskipun kehujanan padha tetep nang kahanan, kuwi sing nggawe ati kulo kepincut melu bareng-bareng padha ujan-ujanan," ngono ujare Bupati sakwisé apel rampung.

Baca juga: https://www.inanews.id/2025/08/cah-enom-nang-bantul-digebuki-bareng.html

Endah uga ngarep-arep, liwat Pramuka iso mbentuk watak lan karakter generasi penerus bangsa dadi pemimpin sing nduwé akhlak lan budi pekerti. "Mulané iki dadi spirit lan semangat kanggo Pramuka, dadi bagéan kanggo nguwataké rasa nasionalisme, disiplin, wani, setya, manut Dasa Dharma Pramuka," ujare manèh.

Sak rangkaian apel gedhé kuwi, uga dianugerahké 9 tanda panghargaan kanggo anggota Gerakan Pramuka Kwarcab Gunungkidul, isiné Lencana Melati, Karya Bakti, Pancawarsa, lan Pramuka Teladan.

(WAP)

© Copyright 2022 - INANEWS