Breaking News

Pentas Budaya Dadi Tontonan ning Dina Ambal Warsa Kalurahan Kelor sing kaping 95


Gunungkidul (DIY), INANEWS.id – Macem-macem kesenian tradisional Jawa ditampilin ning acara Hari Jadi Kalurahan Kelor sing ke-95, dina Rebo (20 Agustus 2025).

Lurah Kelor, Suratman, ngomong nek acara Hari Jadi Kalurahan Kelor sing ke-95 iki ngangkat tema “Bergerak Menuju Kelor Jaya, Masyarakat Aman Sejahtera”, lan nampilno macem-macem kesenian tradisional.

Baca juga: https://www.inanews.id/2025/08/ketua-dpc-gerindra-gunungkidul-matur.html

“Kita ki pancen komitmen arep njaga tradisi lokal, kaya sing wis dipesen karo Bupati Gunungkidul lan Gubernur Yogyakarta,” ngono omonge Suratman ning tengah-tengah acara ning balai Kalurahan Kelor, Rebo (20/8/2025).

Hari jadi Kalurahan Kelor iki diramèni Panewu Anom Karangmojo karo tokoh-tokoh masyarakat lintas agama, lan nuduhké nek warga Kelor kuwi pada semangat nyambut Hari Jadi Kalurahan sing ke-95.

Baca juga: https://www.inanews.id/2025/08/delapan-pejabat-polres-gunungkidul.html

Acara diruwat karo motong tumpeng déwé Lurah Kelor, sing diharapké bisa ndadekké Kalurahan Kelor luwih apik ning pelayanan kanggo wargané.

“Bismillahirrahmanirrahim, mugo-mugo karo niat apik awaké dhéwé nggawa Kelor dadi luwih maju, ayo dipotong tumpengé,” ngono ujare Lurah Kelor.

Minangka info, perayaan Hari Jadi Kalurahan Kelor ke-95 bakal dianakaké telung dina, saka tanggal 20 tekan 22 Agustus 2025.

(WAP)

© Copyright 2022 - INANEWS