Breaking News

Dandim 0730/Gunungkidul Nglakoni Evaluasi Dapur SPPG Merga Krungu Kabar 5 Bocah Keracunan


Gunungkidul (DIY), INANEWS.id – Bar wis ana laporan bab papat bocah MTsN 4 Gunungkidul sing krasa lara sawisé melu program Mangan Bergizi Gratis (MBG) Rebo (3/9/2025) wingi, Komandan Kodim 0730/Gunungkidul Letkol Inf. Roni Hermawan langsung nglakoni evaluasi marang 8 Satuan Pelayanan Pemenuhan Gizi (SPPG) sing wis mlaku nang Gunungkidul.

“Soal dugaan keracunan neng sekolahan kuwi, aku wis nelpon kepala dapur lan owner-é, kanggo ngecek piye carane proses wiwit loading nganti distribusi,” ngendikane Dandim Roni sawisé nglakoni evaluasi neng Kodim 0730/Gunungkidul, Kemis sore (4/9/2025).

Baca juga: https://www.inanews.id/2025/09/5-paguyuban-penghayat-neng-gunungkidul.html

Roni ngomong nek penting tenan proses sterilisasi piranti mangan, merga nek ora resik, sisané minyak neng piring utawa sendok iso nyebabké bakteri lan nggawe keracunan.

“Iki pentingé sterilisasi piranti mangan, ben ora metu bakteri,” tegasé Dandim.

Masalah dugaan keracunan sing dialami bocah MTsN 4 Gunungkidul, Roni nerangké nek pihak dapur penyedia MBG wis komunikasi karo pihak sekolah.


“Alhamdulillah bocah sing wingi diduga keracunan, esuk mau wis iso mlebu sekolah manèh,” ujare Dandim.

Saka pengalaman elek kuwi, Roni ngélingké marang kepala dapur SPPG sing wis mlaku lan sing mengko arep mlaku, kudu gelem ngecek langsung neng lapangan (sekolahan) lan luwih akeh ngrungokké kepenginane bocah-bocah.

Dadi pendamping program MBG, Dandim mbaleni manèh supaya saben dapur SPPG manut karo protap sing wis digawe, ben bisa ngurangi resiko sing ala.

Baca juga: https://www.inanews.id/2025/09/kompol-cosmas-nangis-sawise-digebuk.html

“Kami iki mung iso evaluasi, nek para dapur SPPG ora manut hasil evaluasi lan malah kedadeyan sing ora dikarepke, ya kudu siap nampa sangsi saka BGN. Dudu aku sing menehi sangsi, nanging Badan Gizi Nasional (BGN). Makane ayo podo komunikasi lan terus evaluasi kerja, ben kabeh iso mlaku apik lan aman,” ujare Roni.

Informasi tambahan, ana limang bocah sing krasa mual lan muntah, nanging mung papat sing digawa menyang RSUD Wonosari. Papaté wis oleh perawatan lan wis oleh ijin bali kanggo nerusake rawat jalan neng omah.

(WAP)

© Copyright 2022 - INANEWS