Gunungkidul (DIY), INANEWS.id – Urusan tambang ilegal neng Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY) saiki wis tekan titik serius. Neng Gedung Pracimasana, Kompleks Kantor Gubernur DIY, KPK nggelar rapat bareng karo para bupati lan walikota sak-DIY kanggo ngomongke bab perizinan tambang, utamane Mineral Bukan Logam lan Batuan (MBLB).
KPK ora mung ngadani acara seremonial, ning langsung njeblakne uneg-uneg. Ing ngarepe para kepala daerah, kalebu Bupati Gunungkidul Endah Subekti Kuntariningsih, KPK ngomong yen tambang ilegal iki ora mung ngrugikne negara, nanging uga ngrusak alam lan ngrebut hak urip wong-wong lokal.
Baca juga: https://www.inanews.id/2025/08/panggang-kebak-wong-karnaval-hut-ri-ke.html
“Rapat iki bagian saka tekade KPK kanggo ngendhaleni tambang ilegal sing saben wektu muncul neng DIY. Iki rugi, ngrusak lingkungan, lan iso dadi lahan korupsi,” tegas Kepala Kanwil 3 KPK.
Sakwise rapat, kabeh kepala daerah sak-DIY teken komitmen bareng kanggo beres-beres tambang liar neng wilayah dhewe-dhewe.
Gunungkidul dadi sorotan, soale kene akeh batu gamping, andesit, nganti pasir sing dadi rebutan penambang. Nanging akeh sing main kucing-kucingan, tambang tanpa izin sah, nganggo alat berat, lan ora peduli karo lingkungan.
Baca juga: https://www.inanews.id/2025/08/formasi-asn-isih-angot-angotan-honorer.html
Sri Sultan Hamengkubuwono X ngomong yen saiki ana 12 tambang ilegal gede sing wis kacathet neng DIY. Dheweke meksa pemda ojo mung diam wae, kudu cepet-cepet menertibke lan nulungi proses perizinan sing bener, ben tambang iso dikendhaleni lan manfaat bali menyang masyarakat.
“Harapanku ojo ana maneh tambang ilegal. Kabeh kudu nduwe izin. Ning pemda yo kudu siap ngatur wilayah endi wae sing iso ditambang, dadi jelas lan ora semrawut,” ujare Sultan.
Dheweke nambahke, pemda kudu wani nggawe zona tambang sing jelas, ngukur daya dukung lingkungan, lan mung ngeculke tambang neng area sing wis ditentokne. Iki penting kanggo ngendhaleni tambang liar lan nyiapke reklamasi sawisé tambang rampung.
Baca juga: https://www.inanews.id/2025/08/pentas-budaya-dadi-tontonan-ning-dina.html
Sultan uga wanti-wanti soal keadilan. Yen tambang dikelola perusahaan gede, masyarakat kudu melu dilibatekne, ora mung dadi penonton. “Masyarakat kudu entuk bagian sing adil, kudu dikomunikasikne karo kalurahan, ben kabeh rumangsa melu duwé,” tegasé.
KPK nyoroti, pencegahan korupsi neng sektor tambang dudu mung soal izin, nanging uga sistem lan tata kelola. Yen pusat, daerah, lan masyarakat iso kerjo bareng, tambang ilegal iso ditekan lan sektor iki dadi sumber ekonomi sing legal lan awet.
(HAW)
Social Header