Breaking News

Pos Polisi Pingit Jogja Diplethoki Molotov Wong Ora Kenal

Pelaku wektu ngelempar molotov neng pos polisi Pingit Kota Jogja

Yogyakarta, INANEWS.id – Ana wong ora kenal nindakake teror karo ngelempar molotov neng pos polisi Pingit sing neng Jl. Kyai Mojo No.1, Bumijo, Jetis, Kota Yogyakarta.

Kejadian iki kelakon Kamis, 04 September 2025 kira-kira jam 05.20 esuk. Aksi kuwi kerekam cetha saka CCTV sing dipasang neng njero pos polisi.

Baca juga: https://www.inanews.id/2025/09/tak-ingin-anarkisme-terjadi-di.html

Saka rekaman katon, wong lanang ora kenal nganggo hoodie abu-abu lan numpak motor metik. Dheweke mandheg neng ngarep gerbang pos polisi Pingit, terus mateni motore. Bar kuwi wong kuwi langsung nyulut molotov sing digawa.

Untunge wae bom molotov kuwi ora njeblug, dadi ora ono rusak-rusak lan uga ora ono korban.

Saiki polisi isih terus nguber lan nyelidiki sapa wong sing nindakake teror kuwi.

(WAP)

© Copyright 2022 - INANEWS