Breaking News

Rusuh Demo Agustus Gawe Rugi 900 Milyar, Negara Kecelik Meneh

Gedung Granadi Kobong Digebugi Wong-wong Ngamuk

Jakarta, INANEWS.id – Total kerugian gara-gara aksi demo sing mbelgedhes nganti rusuh neng kutha-kutha gede Indonesia tekan 900 milyar.

Iki diomongno karo pemerintah liwat Menteri Pekerjaan Umum (PU) jenenge Dody Hanggodo. Dody ngitung kerugian paling gedhe neng Jawa Timur.

“Biayane total sak Indonesia, wingi tak itung, meh tekan Rp 900 milyar,” ujare Dody neng Jakarta, Selasa (2/9/2025).

Baca juga: https://www.inanews.id/2025/09/belajar-saka-kasus-keracunan-mbg-neng.html

Saka kerugian sing diitung, Dody rinci kerusakan infrastruktur kaya gerbang tol, gedung DPRD, lan halte sing kobong.

Dody ndelok kerugian paling gedhe neng Jawa Timur, soale akeh infrastruktur sing digebugi lan dibakar, kalebu Gedung Negara Grahadi (cagar budaya), Kantor DPRD Kediri, lan liyane.

Kerugian paling gedhe nomer loro ana neng Makassar, Sulawesi Selatan, merga gedung DPRD Makassar diobong wong-wong.

Baca juga: https://www.inanews.id/2025/09/wong-bantul-geger-mayit-buruh-harian.html

“Kira-kira sing paling parah yo Jawa Timur karo Makassar,” ujare Dody.

Mergo kerugian iki, Kementerian PU wis nyiapno anggaran kanggo ndandani infrastruktur sing rusak utawa kobong. Dody ngomong anggaran iki wis sesuai karo arahan Presiden Prabowo lan dijamin ora ngganggu program strategis liyane.

“Kami nganggo anggaran darurat lan sing wis ana. Pokoke iki tenan-tenan kondisi darurat kanggo PU. Arahané Pak Presiden (Prabowo Subianto), iki kahanan darurat kanggo PU,” ujare.

(WAP)

© Copyright 2022 - INANEWS